Menu

Mode Gelap
Ngaji Burdah Syarah Mbah Sholeh Darat (25) NU Peduli Bersama Kemenag Jepara Salurkan Bantuan Bagi Warga Dorang Belajar Dari Geomorfologi “Banjir” Eks Selat Muria, Mau Diapakan? Mbah Dimyathi: Jadi Wali Itu Mudah, Ngaji Lebih Sulit!! Ngaji Burdah syarah Mbah Sholeh Darat  ( 2 )

Kabar · 4 Nov 2022 00:14 WIB ·

Pentingnya Memilih Pemimpin yang Amanah


 Pentingnya Memilih Pemimpin yang Amanah Perbesar

Oleh Kiai Soleh*

Khutbah I

الحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِتَرْك الْمَنَاهِيْ وَفِعْلِ الطَّاعَاتِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدنا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ

وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى الرَّشَادِ. اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَاِبهِ الهَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ

بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ اْلمَآبِ.

اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّوَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: الْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلَى أَفْوَاهِهِمْ

وَتُكَلِّمُنَا أَيْدِيهِمْ وَتَشْهَدُ أَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ. وقال:يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الأمْرِ مِنْكُمْ

Jamaah jum’ah rahimakumullah.

Monggo kito sami aningkataken taqwaAllah. Taqwa dateng Allah, akhlaq karimah kito terus terjaga ing akhiripun saget datengaken ketenangan, ketentreman lan kebahagian sae ing dunyo maupun ing akhirat.

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Menghadapi pemilu 2024, sembari terus ndandosi lan jagi akhlaq mulia, kito sami kedah nderek nyuksesaken pemilu meniko kanti dados pemilih ingkang sae lan betanggung jawab.

Ing ndalem kajian politik Islam (Siyasatul Islamiyah), milih atuwin ngangkat pemimpin hukumipun wajib. Wonten setunggal hadist ingkang dipun riwayataken Abu Dawud sangking Abu Hurairah, Rasulullah SAW dawuh:

Rasulullah SAW dawuh:

إِذَا كَانَ ثَلاَثَةٌ فِي سَفَرٍ فَلْيُؤَمِّرُوا أَحَدَهُمْ

Naliko ono wong telu lelungan, mongko supyo ngangkat pemimpin songko salah sijene dewe’e (wong telu iku)”.

Sangking hadist meniko saget dipun pahami, jumlah kelompok kecil mawon wajib ngangkat pemimpin, punopo maleh ing ndalem jumlah kelompok besar, misalipun RT, Deso, kabupaten lan sak terasipun, tentu langkung wajib. Tiyang tigo ing hadits meniko bade lelungan ingkang hukum asalinipun mubah. Hukum mubah meniko mboten bertentangan kalian syariah, artosipun leres menggaipun syariat. Nah, urusan ingkang mubah mawon hukumipun wajib ngangkat pemimpin, punopo malih perkawis ingkang wajib, pasti langkung wajib.

Ing surat An-Nisa ayat 59, Allah SWT Berfirman

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الأمْرِ مِنْكُمْ

”Hai wong-wong kang podo iman, podo taato siro kabeh dateng Allah, Utusa-Ne lan pemimpin songko siro kabeh ”.

”Hai wong-wong kang podo iman, podo taato siro kabeh dateng Allah, Utusa-Ne lan pemimpin songko siro kabeh ”.

Ayat meniko majibaken maring kito supados naati ulil amri (tiyang ingkang angsal mandat ngatur lan merintah) asal perintahipun mboten ngandung maksiat. Berarti ngangkat atuwin milih pemimpin hukumipun wajib.

Wonten kaidah hukum fikih ingkang berbunyi: “Perkoro kang ndade’ake kewajiban ora biso sempurno kejobo ngelakoni, mongko perkoro iku wajib dilakoni“

Contoh sederhananipun pemahaman kaidah fikih meniko, kewajiban sholat mboten bade saget terlaksana kanti sempurna kejawi kelawan wudlu, milo wudlu (perkawis ingkang dadosaken sempurnane sholat) hukumipun wajib dipun lampai. Semonten ugi, kewajiban naati pemimpin mboten saget terlaksana menawi mboten wonten pengangkatan atuwin pemilihan pemimpin. Milo milih pemimpin kanti coro ingkang sae, hukumipun wajib.

Hadiripun pemimpin meniko penting supados kerumunan massa dados jamaah ingkang terorganisasi: wonten tujuan, pembagian peran, lan aturan ingkang dipun tegakaken sesarengan. Menawi sebuah wilayah lan masyarakat tanpo pemimpin, tentu kekacauan terjadi ing pundi-pundi sebab kehidupan sosial mboten terkontrol, kejahatan tanpo sanksi, lan sumber daya alam mboten terkelola secara tertib.

Mboten heran menawi wonten pendapat, pemimpin zolim iku luwih apik tinimbang tanpo kepemimpinan. Meniko boten kok noleransi sifat pemimpin ingkang sewenang-wenang, mung maringi petunjuk betapa pentingipun ngangkat pemimpin dalam Islam.

Ing ndalem konteks pemilu, kito sami kagungan tanggel jawab nderek nentukaken kepemimpinan kangge masa depan. Pertanyaanipun pemimpin ingkang kados pundi ingkang mesti kito pilih? Jawabanipun sak mboten-mbotene figur ingkang kagungan sifat-sifat ingkang tersemat dalam diri Rasulullah, inggih meniko kagungan sifat shiddiq (jujur), amanah (bertanggung jawab lan terpercaya), tabligh (aspiratif lan caket kalian rakyat), fathanah (cerdas lan visioner).

Saget ugi kito pesimis maring pilihan-pilihan ingkang mboten memenuhi idealitas sekawan kriteria kolo wau. Ananging keputusan mboten milih (golput) jelas mboten patut. Sebab umat mboten dipun pekso kedah memenuhi idealitas. Menawi pancen mboten memungkinkan, umat tetep berkewajiban berikhtiar milih ingkang “paling ideal” di antara tiyang-tiyang ingkang mboten ideal. Dalam bahasa sanes, milih ingkang paling sae di antara ingkang awon.

Lajeng sangking pundi kito mangertosi kriteria-kriteria meniko? Sepisan: kito tingali rekam jejakipun. Kito mesti aktif cari tau tentang kualitas calon pemimpin ingkang bade kito pilih. Kaping kalih: secara ideal kito diperintah milih calon pemimpin ingkang mboten mencalonkan diri. Ananging menawi hal meniko mboten terlaksana, kito pilih calon ingkang nggina’aken coro-coro bersih saat proses pencalonan, kampanye, ngantos prosedur pemilihan.

Kito berkwajiban nderek nyegah, ampun ngantos pemilu dipun kotori kalawan praktek-prakter tercela kados saling fitnah lan saling menjatuhkan, lan praktek suap menyuap.

Terkait suap menyuap, ing setunggal hadist dipun sebataken

عن أَبي بَكْرٍ يَعْنِي ابْن عَيَّاشٍ، عَنْ لَيْثٍ، عَنْ أَبِي الْخَطَّابِ، عَنْ أَبِي زُرْعَةَ، عَنْ ثَوْبَانَ قَالَ: ” لَعَنَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ

الرَّاشِيَ وَالْمُرْتَشِيَ وَالرَّائِشَ ” يَعْنِي: الَّذِي يَمْشِي بَيْنَهُمَا

“Sangking Abi Bakr yoiku Ibni ‘Ayyasy, sangking Laits, sangking Abi Al-Khathab, sangking Abi Zur’ah, sangking Tsauban, ia berkata: Rasulullah SAW ngelaknat wong kang nyuap, wong kang disuap, lan wong kang dadi perantara diantarane (wongkang nyuap lan disuap) ”.

Sinten kemawon ing ndalem pencalonan, bagi-bagi arto atuwin barang kanti tujuan mengaruhi supados milih calon tertentu, lan pemilih ingkang nampi arto atuwin barang kasebat, kalebet riswah. Riswah hukumipun haram lan sanget dipun laknat Allah lan Rasulipun.

Ing ketentuan fiqh Islam, dalam kondisi tertentu, misal ngrebut haq atuwin membeli kebenaran kok pancen sagete berhasil namung kelawan nyuap, kondisi meniko pancen dipun wenangaken, ananging hukum sipenerima arto atuwin barang suap, tetep haram lan dikutuk Allah SWT.

Milo sebagai tiyang Islam kedahipun ninggalaken praktek tercela meniko supados pemimpin lan masyarakat saget hidup tenang, aman, barakah lan bahagia sebab terbebas sangking lumuran dosa lan terlepas sangking kutukan.

Politik uang meniko sekedar kenikmatan sekejap. Arto ingkang dipun tampi sangking para oknum calon, misal senilai 50 atuwin 100 ewu sampun berstatus duwit haram, paling namung saget dipun nikmati setunggal ngantos kalih dinten mawon. Ananging, mudlaratipun bade kito raosaken ngantos bertahun-tahun. Calon terpilih melalui politik uang, pasti bade berpikir pripun carane supados biaya ingkang dipun dalaken saget sakcepetepe wangsul malih. Tindakan mboten terpuji kados makan uang negara/rakyat, ngapusi, korupsi sanget mungkin ditempuh kangge mangsulaken modal kangge nyuap pemilih.

Jamaah jum’ah rahimakumullah

Seringkali kito mirengaken sebagian tiyang sami ngomentari pemimpinipun kelawan tuduhan dzolim, mboten jujur lan mboten amanah, seneng ngapusi lan korupsi, lan sak jenisipun. Piyamba’e do mboten menyadari bilih pemimpin meniko cerminan masyarakatipun. Menawi saestu pemimpin seorang ingkang dzolim, pasti masyarakatpun kathah ingkang dzalim. Menawi poro pemimpin sami mboten jujur lan mboten amanah, pasti masyarakatipun kathah ingkang mboten jujur lan mboten amanah. Menawi poro pemimpin sami ngapusi lan korupsi, pasti rakyatipun katah ingkang ngapusi lan korupsi. Naliko usaha sami ngakali, naloko dagang sami ngirangi kwalitas atuwin ngirangi takeran, lan sak piturute.

Allah SWT Berfirman

وَكَذَٰلِكَ نُوَلِّي بَعْضَ الظَّالِمِينَ بَعْضًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ

Lan koyo mengkono iku Aku dade’ake pemimpin kanggo wong-wong kang zalim ing sebagian kang liyo disebabake opo kang dewe’e kabeh usaha’ake” (Al-‘An’am: 129).

Imam As-Suyuthi naliko nafsiri ayat meniko,

nyantumaken hadist:

” ﻛﻤﺎ ﺗﻜﻮﻧﻮا ﻛﺬﻟﻚ ﻳﺆﻣﺮ ﻋﻠﻴﻜﻢ “

koyo keberadaan siro kabeh yo koyo mengkono iku

wongkang dadi pemimpinmu” (HR Al-Baihaqi).

Imam A’masy nafsiri:

ﺇﺫا ﻓﺴﺪ اﻟﻨﺎﺱ ﺃﻣﺮ ﻋﻠﻴﻬﻢ ﺷﺮاﺭﻫﻢ

“Yen keadaan menuso wus podo rusak moko kang dadi pemimpine yo wong seng rusak kelakuane” (Tafsir Ad-Dur Al-Mantsur).

Dados, menawi kito ngutuk mriko mriki, nuduh yen poro pemimpin podo elek, inggih kados mekaten wujudipun sifat sebagian besar sangking kito.

Milo monggo kito sami dados warga masyarakat ingkang sae kersanipun angsal pemimpin ingkang sae ingkang mbeto barakah. Lan camkan statemen beriku, “Yen rakyat kepingin terbebas songko pemimpin kang zalim, moko podo ninggalnoho perbuatan zalim.”

Mugi-mugi pemilu 2024 ingkang bade dateng, saget berjalan kanti aman, damai, adil, lan jujur. Lan kito saget maringaken pilihan ingkang terbaik.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ،

وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم.

*Wakil Ketua Tanfidziyah MWC NU Mlonggo

Artikel ini telah dibaca 214 kali

badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Ngaji Burdah Syarah Mbah Sholeh Darat (25)

5 April 2024 - 15:18 WIB

Kiai Hisyam Zamroni (Wakil Ketua PCNU Jepara), Ngaji Burdah Syarah Mbah Sholeh Darat.

Tidak Pandang Suku, Agama dan Ras, NUPB Jepara Siap Bantu Korban Bencana

31 Maret 2024 - 21:57 WIB

NU Peduli Bersama Kemenag Jepara Salurkan Bantuan Bagi Warga Dorang

20 Maret 2024 - 19:56 WIB

Belajar Dari Geomorfologi “Banjir” Eks Selat Muria, Mau Diapakan?

19 Maret 2024 - 13:50 WIB

Kisah Raden Kusen, Senopati Terakhir Majapahit Saat Menghadapi Gempuran Demak (2)

18 Maret 2024 - 23:03 WIB

Mbah Dimyathi: Jadi Wali Itu Mudah, Ngaji Lebih Sulit!!

16 Maret 2024 - 23:52 WIB

Trending di Kabar